Rabu, 30 Mei 2012



RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


Read more: http://konsultasisawit.blogspot.com/2011/09/contoh-geguritan-puisi-bahasa-jawa.html#ixzz1wPcdSk4Z

Selasa, 29 Mei 2012

Gawe blogger

Tata cara anggawe blog saka blogger.com

  1. Kaping pisan,Sampeyan mlebeting alamat web site: https://www.blogger.com mangko ana gambar kaya ing isor iki..

    Blogger.com
  2. Kaping pindho,pijet tombol CIPTAKAN BLOG ANDA.isi sedaya data sing di jaluk account google. wenehono tanda centang ing kotak persyaratan kangge nompo persyaratan dhekwau. terus pijet tombol "lanjutkan"

    Ciptakan Account
  3. Kaping telu, yaiku njenengi blog Sampeyan.carane isi JUDUL LAN ALAMAT BLOG. terus pijet lanjutkan

    Memberi nama Blog
  4. Kaping papat,pilih salah sawijining hiasan ( template ) kanggo nghiasi blog Sampeyan.

    Pilih Sebuah Template
  5. Sakniki blog Sampeyan sampun dados. sampeyan saget mblogging saka pijet tombol MULAI BLOGGING

    Blog telah tercipta
  6. Sakwise blog sampeyan dados, Sampeyan saget mlebet / sign in saka www.blogger.com
    terus ngisi Nama sing nggawe ( Email lan Pasword ) terus pijet.

    catetan: kudu nduweni Email